Paling penak dadi penumpang
lungguh jegang ra ana sing nglarang
ra penake dadi penumpang
BBM mundak mbayare larang
mbayare larang ora oleh utang

paling penak dadi kuli watu
bayarane pendak dina setu
ra penake dadi kuli watu
barang bayaran, mandore mlayu
mandore mlayu dibalang watu

lemah garing lemah teles
yen paring sing Kuasa sing mbales
lemah garing lemah teles
yen ra paring sing ngamen lemes
yen sida paring ra sida lemes

pitik angkrem selikur dina
yen netes ora mesti pada
ora beda karo menungsa
ana sing becik ana sing ala
ana sing cethil ana sing luma

tanda-tandane wong cethil
ngamal wae ya ora tau
ibarate weruh pengamen
weruh pengamen ethok-ethok turu
ethok-ethok turu karo ngempet ngguyu

juminten anake lima
cekap semanten atur kula
niki lagu sing ngarang kula
menowo lepat nyuwun ngapura
nyuwun ngapura kalih nyuwun artha...